Minggu, 05 Agustus 2012

MAKALAH BAHASA JAWA 2012




TUGAS BAHASA JAWA
SEMESTER GANJIL


   
                    MATERI  KLIPING    : GEGURITAN (PUISI JAWA)

                                            Disusun oleh

                     Kelas                   : X B
                     Nama                  : Tony Yuliyanto                         (35)
                                                 : Hermawan Rudi S                   (18)
                                                 : Patut tugas p                            (28)
                   Guru Pengampu   : Tyas Mulyaningrum, S.Pd





    SMA NEGRI 1 TOROH
   TOROH - GROBOGAN 
    TAHUN 2011/2012









  MOTTO
Lan
  PESEMBAHAN





A.   Motto
1. Ampun nyerah sadurunge menang
2. Kudu tansah ngrumati bapa lan ibu.
3.Sabar iku lire momot kuat nandhang sakehing coba lan pandhadharaning ngaurip
4. Jumbuh karo unine bebasansan,sabar iku kuncining swargo,ateges marganing kamulyo
5. Nanging ora ateges gampang pepes kantekan pangarep-arep
6. Sabar iku ingarah mustikaning laku







B.   PERSEMBAHAN
v Bapak lan Ibu ingkan kula tresnani ingkang badhe sampun ngopeni kula
v Sedhoyo ingkang sampun nderek ndamel kelancaran nyusun makalah niki
v SMA Negeri 1 TOROH









Kata Pengantar

          Puji syukur kulo aturaken ingkang kehadirat Allah SWT,amargi  saged ngrampungake tugas niki tanpa wonten alangan menopo-menopo
          Kula lan rencang kulo sadar ingkang nyusun tugas niki mboten kenton saking pihak-pihak liya,ingkang bab niku kula lan rencang kula aturaken matursuwun kangge :

1.  Bapak lan ibuk
2.Kepala Sekolah SMA Negeri 1 Toroh yaiku Drs. H. Ngadino,MM
3.Bu Tyas mulyaningrum  ingkang dados Guru pemampu ingkang sampun ngrewangi pandamelan tugas niki.


Mugi-mugi petulungan beliau niku angsal limpahan rahmad saking Allah SWT. Amiin


Kula lan rencang-rencang sadar, ingkang ndamel tugas niki tasih kathah kakirangan,ingkang wonten kritik lan saran ingkang ajeng ngleresi tugas niki nggeh sumonggo.

Mugi-mugi tugas niki saged bermanfaat kagem pemaos sedoyo.















DAFTAR ISI

Halaman Judul ............................................................................ 1 
Halaman  Motto dan Persembahan ............................................... 2
Kata pengatar.. ............................................................................ 3
Isi buku........................................................................................4
Ron garing………………..……………………………………......5
Cerito saka manca ….………………………………………..........5
Babad wedhi pasisir...…………….……………………….............6
Ambangan saga kuluban..………………….…….…………….......6
Naliko sepi……………………………....……………………........7
Untang-anting……………….……...………………………...........7
Pentinging wengi………….…………………………………..........7
Penutup.........................................................................................8
        






















RON GARING

Wengi sansaya atis
nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan
kang digawa dening angin


prasasat tan kendhat
anggonku kulak warta adol prungu
ananging isih mamring


aku wis pingin cecaketan
obormu kang makantar-kantar
madhangi jangkah lan jagatku


ana ngendi papanmu
lelana tapa brata
tanpa pawarta tanpa swara


aku kadya ron garing
kumleyang kabur kanginan
ing jagat peteng lelimengan


krasa luwih abot
anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep
mlakuku ora mantep


kagubet ribet lan ruwet
adoh saka cahyamu
pedhut ing sakindering pandulu
panjenengan
guruku, sihku, oborku
kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati.
                      

Crita Saka Manca

ing papan sarwa salju, aku
ngangen-angen lawang gubug binuka
ana bedhiyang lan lincak

nanging wis kebacut dadi salju
guritan apadene kekarepan
nglinthing bareng tumiyupe angin
nunjem-nunjem dom periih
sadawane wengi

kangmangka ing ngisor salju pinendhem candhi
sing durung kober kababar unine prasasti

Babad Wedhi Pasisir

Sorene sore jingga
wengine wengi biru
kembang pandhan mesem marang mbulan
tangane ngawe-awe sajak kemayu
apa hiya iki dayane layang atimu
sing jare bakal ditulis kalane ijen
lan sendhang mung amping-ampingann jendhela
sing wengi iki isih panggah binuka?

biyen aku nate apal gojegmu
kepiye nalika bingung ndhedher sagegem guritan
ing lemah suwung pinggire taman
ora ketang mbalang liring sambi mungkur
nyamudana wingkis sakehing kekarepan
nutup kudhuping kekembangan

iki babad wedhi pasir
pinaes ganda aruming mawar
rarasing riris dhadha kumesar




Ambengan Sega Kuluban

Ambengan sega kuluban dieler ing tampah
diladekake ing pasamunan
direncah bebarengan, kroyokan, rebutan

ambengan sega kuluban
oora ana sing ngerti duweke sapa
kejaba dadi pangane wayang , para dhalang
sing lagi lungguh methingkring

(kidang lan trewelu, kinjeng lan kupu mung bisa nyawang sinambi ngeleg idu)

ambengan sega kuluban, wis gusis dienggo pesta
mung kari tampah ngganda amis, angganda amis
banjur kanggoo bal-balan para buta!



NALIKA SEPI ….
pasuryanmu sing bening
tumiba ing banyu mili turut pletheking surya
saya suwe tansaya adoh
ninggalake sepi

tan ana sabawa gumrisiking alang alang
aku mung bisa nyawang
pasuryanmu sing kagawa banyu mili turut kali
nganti datan katon kasaput pedut *




LINTANG-LINTANG
lintang-lintang abyor ing tawang
cumlorot sliweran nalika alihan
kumleyang mencok ing socamu asihku
cahyane gumebyar sunare gilar-gilar
ing telenge atimu sliramu tansah dakantu
lintang-lintang alihan
cumlorot telu ana pundhakku
kawitan lintang abang lintang perang
kapindho lintang mirunggan lintang kamanungsan
pungkasan lintang kumukus lintang kadurakan

PETENGING WENGI
sumribit angin ngelus langit sore
manuk sriti bali ing pucuking cemara
nganti tekaning wengi sing nyenyet
gawang-gawang katon pasuryanmu
gawe tambah kekesing angin sore
tumlawung rasa kang ngulandara
wengi bakal tumeka maneh
bareng karo wewayanganmu
kang bakal ngebaki impen petenging wengi
lumaku turut petenging lurung
bakal gawang-gawang campur mega-mega
apa kudu tak buwang bareng karo lumingsiring wengi ?





Panutup

     Kula lan rencang kula sadar ingkang ndamel makalah niki tasih wonten kakirangan sekedhik lan kathahe, ingkang wonten kritik lan saran ingkang ajeng ngleresipun makalah niki,injih sumonggo maringi saran,
     Mugi-mugi saged kagem pambelajaran kangge kito sedoyo,maturnuwun.

Wassalamualaikum wr.wb